kahuripan
sasmitane panguripe urip
sasambat mung sasambat
kang ngaku ngaku pangrasa
tur mlaku turut lelaku rarasane rasa
kang mesem ngadepo kersa
pangapura penyuwune atmo raga
atmo raga adol pangapuro
kang topo semar ora lali damar jabaning kamar
yen wis ora merem dianggep jumeneng
kalara-laran umpomo rekoso
rejo ora jalaran
bejo ora umbaran
lintang sumebyar ora kelap kelip
sekar asih ono ing dhuha
kembang suruh mlaku surup
berkahing kamulyan kang nglampahi jagat
manjinge puspo tajem, kalimah sada, kamardikan, gapura